Awit saking kaprihatosan kula sak rencang, lare-lare alit sami mboten tepang kaliyan budaya Jawi, pramila sanggar punika kabangun. Ingkang nggadhahi pamrih supados para putra tepang saha lajeng nresnani kabudayan Jawi, mliginipun karawitan. Sanggar ngimpun para putra tataran sekolah dasar kangge sinau kabudayan Jawi, ing antawisipun karawitan, tari, saha unggah ungguh trapsilanipun bangsa Jawi.Supados lampahing sanggar tetep lestantun, kula makarya sesarengan kaliyan pawiyatan sekolah dasar. Ing antawisipun SD Kanisius Sengkan, ing tlatah Sleman.
Kula nembe dalu mbikak blogspotipun Sanggar Seni "Gita Langen Budaya". Menika dados sarana publikasi ingkang ampuh amargi saget dipun akses sanak kadang ing saindenging buwana. Pramila prayogi menawi Sanggar gadhah kegiatan seni unggulan ingkang dipun bina sakcara rutin lan wonten jadwalipun, supados menawi wonten ingkang kesengsem saget mriksani kegiatan ingkang sampun kajadwal wau.

BalasHapus